TEMBUNG GARBA
Tembung Garba yaiku kalih tembung ingkang dipun
dadosaken satunggal kanthinngurangi
jumlahe wanda.
Utawi
Tembung Garba yaiku tembung ingkang asalipun
saking kalih tembung
utawi langkung lebur dados satunggal tembung kanthi ngicali peraganing tembung.
utawi langkung lebur dados satunggal tembung kanthi ngicali peraganing tembung.
Tembung garba
ana telung warna yaiku :
1. Tembung garba sutrawam : yaiku tembung garba sing oleh aksara w. Tuladha: :
malbweng = malebu + ing
munggweng = munggu + ing (tg. manggon ing)
2. Tembung garba sutraye : yaiku tembung garba sing oleh aksara y (ya). Tuladhane :
sedyarsa = sedya + arsa (tg. tujuane, karepe)
sugyarta = sugih + arta. (tg. sugih dhuwit )
3. Tembung garba warga ha: yaiku tembung garba sing ora kalebu ing lelorone iku. Tuladha:
narenda = nara + endra. (tg. wong sing pangwasane kaya bathara endra, ratu)
narpendah = narpa + endah (tg. ratu sing ayu )
Tuladha liyane :
aneng = ana + ing
araneki = arane + iki
dupyarsa = dupi + arsa.
jalwestri = jalu + estri
jiwangga = jiwa + angga
kajuwareng = kajuwara + ing
kalokeng rat = kaloka + ing rat
karyenak = karya + enak
kawindra = kawi + indra
lagyantuk = lagi + antuk
lebdeng = lebda + ing
legaweng = legawa + ing
lumakweng = lumaku + ing
maharaja = maha + raja
maharsi = maha + resi
mahmeru = maha + meru
martotama = marta + utama
murweng = murwa + ing
nayakeng = nayaka + ing
pranaweng = pranawa + ing
prapteng = prapta + ing
prawireng = prawira + ing
prawirotama = prawira + utama
sangsayarda = sangsaya + arda
sarotama = sara + utama
sarwendah = sarwa + endah
sireku = sira +iku
sitinggil = siti + inggil.
sukeng = suka + ing
surendra = sura + indra
waspadeng = waspada + ing
wirotama = wira + utama
yeku = ya + iku.